Laman

Sabtu, 29 Oktober 2011

Adicoro Pengajian

Berikut ini adalah contoh Adicoro Pengajian yang disusun oleh Bapak Sarji.

ASSALAMU’ALAIKUM WARAHMATULLAHI WABARAAKATUH
Alhamdulillaahi Robbil’alamiin wasshalatu wassalaamu ‘ala asrofil ambiyaa’i wal mursaliin Sayyidina wa maulana Muhammadin wa ‘ala aalihi washohbihi ajma’iin Amma ba’du.
Wonten ngarsanipun Bapak Kyai…… ingkang kulo hormati, wonten ngarsanipun Bapak Dukuh ingkang kulo hormati, wonten ngarsanipun Bapak ketua ta’mir masjid Baiturrahman ingkang kulo hormati, lan sagunging Jama’ah pengaosan lapanan ingkang kulo hormati ugi. Langkung rumiyin kulo tansah ngaturaken puji syukur Alhamdulillahi Robbil ‘alamin dumateng Allah SWT ingkang sampun paring rahmat, nikmat soho taufiq hidayahipun dumateng kito sedoyo, sahinggo wonten ing wekdal meniko kito sedoyo saget mangempal wonten serambi masjid Baiturrahman kanthi mboten manggih alangan setunggal punopo. Amin
Mugi-mugi rahmat soho salam dipun tetepaken dumateng junjungan kito Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang kito antu-antu safaat wonten ing yaumul Qiamah.
Poro bapak soho ibu ingkang kulo hormati kulo ing mriki badhe anderekaken lumampahipun adicoro pengaosan ing wekdal meniko, anamung sak derengipun adicoro pengaosan dipun milai, langkung rumiyin badhe kulo aturaken urut-urutaning adicoro ing wekdal meniko :
Adicoro ingkang sepindah : pambuko
Ingkang ongko kalih : waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an
Adicoro ongko tigo injih meniko : inti pengaosan
Kalajengaken ongko sekawan : lain-lain
Wondene adicoro ongko gangsal inggih meniko penutup utawi Do’a
Mekaten wau urut-urutaning adicoro ingkang badhe lumampah ing wekdal meniko. Poro bapak soho poro ibu ingkang kulo hormati gandheng wekdalipun sampun sak wetawis ndalu, pramilo sumonggo pengaosan ing ndalu meniko inggal kito wiwiti / milai. Monggo sareng-sareng kito bikak kanthi maos basmalah kulo derekaken : bismillahirrahmanirrahim. Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan Basmallah kolo wau, pengaosan ing ndalu meniko saget lumampah kanthi lancar, amin.
Saklajengipun adicoro ongko kalih injih meniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an. Ingkang bade dipun waosaken sederek…..wekdal soho papan kulo aturaken. Mekaten wau waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an mugi-mugi kito sedoyo pikantuk barokahipun. Lan dumateng sederek …..dipun aturaken matur nuwun.
Lumebet adicoro ongko tigo injih meniko inti pengaosan, ingkang badhe dipun aturaken Bapak…..pramilo wekdal soho panggenen kulo aturaken.
Mekaten wau inti pengaosan ingkang sampun dipun aturaken Bapak….mugi-mugi saget nambah pangertosanipun soho saget ningkatkaten Iman soho Taqwa kito dumateng Allah SWT lan dumateng Bapak…dipun aturaken matur nuwun. Saklajengipun lain-lain kito sumanggakaken dumateng bapak soho ibu sedoyo. Lain-lain kaanggep cekap, kalajengaken adicoro ongko gangsal injih meniko panutup, sumonggo kito tutup kanthi maos Tahmid sesarengan . Alhamdulillah Robbil ‘alamin. Adicoro pengaosan sampun paripurno mbok bilih anggen kulo nderekaken adicoro meniko kathah kekiranganipun soho kalepatan, kulo tansah nyuwun pangapunten.
BILAHI TAUFIQ WAL HIDAYAH, Wassalamu’allaikum Warahmatullaohi Wabarokatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar